Lairipin Raden Gathutkaca
Kacariyos ing
kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden
Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih
punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten
tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta
sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna,
paranparaning kadang Pandhawa.
Prabu Kresna
boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata
Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna
lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun
kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan
langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun
Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata
Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten
angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta
saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur
dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing
kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami
kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara
Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik
atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud
warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu
Yayi! Sing waspada ya Dhi!”
Dupi tampi
dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten
tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika
puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering
jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye!
Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”
Dhasar Prabu
Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya
lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido
menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi!
Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku
kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti-
wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi
kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
Pangandikahipun
Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa
sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi
ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang
bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika
dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya
bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun
Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking
praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala
Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen
Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah
dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.
Sesampunipun
purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng
kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden
Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara
Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.
Kapethik saka “Aku Seneng Basa Jawa 6” kelas 6 SD (yudhistira)
Dr Sudi Yatmana dkk.
makasih mbak... buat tugas bahasa jawa
BalasHapushttp://www.animesubscorner.com/
Makasih :)
BalasHapusmatur suwun mbak'e
BalasHapusmbak ini gk diposting sama pertanyaan" yang berkaitan tah ?
BalasHapusklo ada pasti membantu banget nih(terutama buat saya)
terimakasih sangat membantu...
BalasHapusTerimakasih :)
BalasHapusMohon maaf gan,,, Topik anda sangat menarik sekali dan saya terharu melihatnya dan sangat bagus infonya terimakasih infonya gan!!!
BalasHapusObat Penyakit Kelamin
Obat Kutil kelamin
Obat Sipilis
Obat Kencing Nanah
Obat Herpes
Obat Wasir
Obat Wasir Ambeclear
Car Mengobati Wasir yang Keluar
Cara Menyembuhkan Sipilis
Penyakit Herpes Mata
Tolong analisis unsur intrinsiknya sekalian dong??? Buat tugas.
BalasHapusMakasih
BalasHapusArtinya tolong.....
BalasHapusArtinya tolong.....
BalasHapus